1. TEMBUNG SAROJA
Yaiku Tembung saroja yaiku tembung loro kang
padha tegese utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan dadi siji. Tembung
saroja fungsine kanggo nggenahake/mbangetake.
Tuladha :
·
Ajur mumur : ajur banget.
·
Ayem tentrem :
ayem banget.
·
Abang branang :
abang banget.
2.
TEMBUNG
GARBA
Yaiku tembung
cacahing loro utawa luwih kang disambung dadi siji.
Tuladha:
a. Aneng → tembung Ana + Ing.
b. Aneng
→ ana + ing
c. Araneki
→ arane + iki
d. Bisoncat
→ bisa + oncat
e. Cariteng
→ carita + ing
f. Dadyajat
→ dadi + ojat
g. Dadyewuh
→ dadya + ewuh
3.
TEMBUNG PLUTAN
Tembung plutan yaiku
tembung kang wandane loro lan dirankep dadi sakwanda.
Tuladha:
a. Abot
→ bot
b. Amrih
→ mrih
c. Awit
→ wit
d. Awor →
wor
e. Bubar
→ bar
f. Bocah
→ cah
4.
TEMBUNG LINGGA
Tembung Lingga Yaiku
tembung kang isih wungkul durung owah soko asale lan durung ana imbuhan apa-apa
Tuladha:
a. sapu
b. banget
c. emper
d. alon
e. kerja
5.
SALOKA
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.
Tuladha :
a. Gajah
ngidak rapah (wong kang nglamar wewalere
dhewe)
b. Sumur
lumaku tiniba (wong kang kumudu-kudu
dijaluki warah)
c. Lahan
karoban manis (wong bagus / ayu rupane
becik bebudhen)
6.
BEBASAN
Tembung
Bebasan, yaiku unen-unen
kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan. Pepindhan
marang kahanan, sifat, lan watak manungsa. Basa rinenga ing bebasan beda
karo ing paribasan amarga bebasan lewih nuju marang perumpaan sifat manungsia.
Tuladha:
a. Sepi ing pamrih, rame ing gawe (nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa)
b. Sing sapa salah bakal seleh (sing sapa salah bakal konangan)
c. Sluman slumun slamet (senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet)