Wednesday, May 14, 2025

TEMBUNG SAROJA, GARBA, PLUTAN, SALOKA, BEBASAN

 1.      TEMBUNG SAROJA

Yaiku Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan dadi siji. Tembung saroja fungsine kanggo nggenahake/mbangetake.

Tuladha :

·       Ajur mumur : ajur banget.

·       Ayem tentrem : ayem banget.

·       Abang branang : abang banget.

 

2.      TEMBUNG GARBA

Yaiku tembung cacahing loro utawa luwih kang disambung dadi siji.

Tuladha:

a.    Aneng → tembung Ana + Ing.

b.    Aneng → ana + ing

c.    Araneki → arane + iki

d.   Bisoncat → bisa + oncat

e.    Cariteng → carita + ing

f.     Dadyajat → dadi + ojat

g.    Dadyewuh → dadya + ewuh

 

3.      TEMBUNG PLUTAN

Tembung plutan yaiku tembung kang wandane loro lan dirankep dadi sakwanda.

Tuladha:

a.    Abot → bot

b.    Amrih → mrih

c.    Awit → wit

d.   Awor → wor

e.    Bubar → bar

f.     Bocah → cah

 

4.      TEMBUNG LINGGA

Tembung Lingga Yaiku tembung kang isih wungkul durung owah soko asale lan durung ana imbuhan apa-apa

Tuladha:

a.    sapu

b.    banget

c.    emper

d.   alon

e.    kerja

 

5.      SALOKA

Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.

Tuladha :

a.    Gajah ngidak rapah (wong kang nglamar wewalere dhewe)

b.    Sumur lumaku tiniba (wong kang kumudu-kudu dijaluki warah)

c.    Lahan karoban manis (wong bagus / ayu rupane becik bebudhen)

 

6.      BEBASAN

Tembung Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan. Pepindhan marang kahanan, sifat, lan watak manungsa. Basa rinenga ing bebasan beda karo ing paribasan amarga bebasan lewih nuju marang perumpaan sifat manungsia.

Tuladha:

a.    Sepi ing pamrih, rame ing gawe (nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa)

b.    Sing sapa salah bakal seleh (sing sapa salah bakal konangan)

c.    Sluman slumun slamet (senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet)

 

No comments:

Post a Comment

TEMBUNG SAROJA, GARBA, PLUTAN, SALOKA, BEBASAN

  1.       TEMBUNG SAROJA Yaiku Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan dadi s...