Wednesday, March 25, 2020

CRITA RAKYAT


Pangerten Crita Rakyat
Pengertian crita rakyat sejatine perangan sekang sugihing budaya lan sejarah sing diduweni bangsa indonesia. Crita rakyat yakuwe crita sing ngrembaka ing sawijine daerah lan dianggep minangka khasil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan kuwe. Umume crita rakyat jawa ngisahaken babagan kedadeyan tokoh neng sawijining panggonan utawa asal-usule sawijining panggonan. Tokoh-tokoh sing ditokena sajroning crita rakyat jawa umume kanthi bentuk kewan, manungsa utawa dewa.

Titikan Crita Rakyat

  • Anonim, ora dimangerteni sapa sejatine sing nganggit/nulis.
  • Kalebu karya kolektif, dianggep duweke rakyat bebarengan.
  • nyritakake bab awon lan bener kanggo nggambarake kedadeyan-kedadeyan sing mokal anane (imajinasi)
  • Statis, tetep, ora ana owah-owahan kang wigati saka jaman marang jaman sapiturute. 

  • Fungsi Crita Rakyat
    Fungsi crita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane crita-crita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeh sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh cerita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga crita rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken kanthi turun temurun. 


    Jenis Crita Rakyat
    sing bisa dilebokaken kategori jenis crita rakyat kuwe werna-werna, antarane legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel.

    1. Legenda
    Pengertian Legenda yakuwe crita rakyat kang dianggep bener-bener kedadeyan, kang critane dihubungaken karo tokoh sejarah, kang wis dibumboni karo keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohe, Utawa cerita jaman ganu sing ana gegayute karo prastawa sejarah (minurut KBBI).

    2. Mite
    Pengertian Mite yakuwe crita prosa rakyat kang nyritakake para dewa-dewi utawa makluk lembut kang kedadeyan ing dunya liya (kahyangan utawi alam gaib) lan dianggep bener-bener kedadeyan dening panulis cerita kuwe utawa penganutipun.

    3. Sage
    Pengertian Sage yakuwe crita lawas kang ana gegayutane karo sejarah, kang nyritakaken  kekendelan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban ssawijining tokoh.

    4. Fabel
    Pengertian fabel yakuwe crita rakyat kang nyritakaken kewan utawi sato kang tindhak-tandhukipun kayadene manungsa, crita kuwe ora temenan kedadeyan, mung cerita fiksi, kadang kala fabel uga nglebokake karakter minoritas arupa manungsa.

    5. Dongeng
    Pengertian Dongeng yakuwe sawijine crita kang ora temenan kedadeyan mung cerita fiksi, kang nyritakaken sawijine bab kang ngaeng, aneh, lan ora bisa dilogika. Adate nyritakake bab keajaiban lan kasakten para dewa, raja, pangeran, putri, lan liya-liyane.


    Unsur Crita Rakyat
    Saben karya sastra mesti nduweni unsur-unsur pembangun utawa unsur sastra, semana uga crita rakyat. Unsur crita rakyat kaperang dadi werna loro, yakuwe unur intrinsik lan unsur ekstrinsik.

    Unsur Intrinsik
    Unsur intrinsik yakuwe unsur sing mbangun crita saka njero. Unsur-unsur intrinsik crita rakyat yakuwe:
    • Tema
    Yakuwe pokok pikiran utama, ide pokok permasalahan sing dinggo kanggo dasare pengarang
    • Alur
    Yakuwe dalaning crita, reroncening prastawa sing mujudake crita kanthi dhasar hubungan sebab akibat. Alur wujude ana werna 3, yakuwe:
    1. Alur maju
    Yakuwe prastawa sing diwujudake kanthi runtut saka prastawa pertama tinuju prastawa sebajute
    2. Alur mundur
    Yakuwe alur sing nyritakake wektu sing kepungkur.
    3. Alur gabungan/ zik-zak
    Yakuwe gabungan saka alur maju lan alur mundur.
    • Latar
    Katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan prastawa. latar ana 3 werna, yakuwe:
    1. Latar papan/panggonan
      Lokasi utawa bangunan fisik liya sing dadi panggonan kedadeyan prastawa ing crita.
    2. Latar wektu
      Wektu (masa) tertamtu pas prastawa crita kuwe kedadeyan.
    3. Latar swasana
      Salah siji unsur instrinsik sing gegayutan karo kahanan psikologis sing muncul bebarengan karo dalaning crita.
    • Tokoh dan Penokohan
    Penokohan yakuwe gambaran watek pelaku; cara pengarang menggambaraken watak tokoh. Istilah tokoh nunjukaken wong/pelaku crita, menawa pekonokohan nunjukaken sikap kualitas pribadi tokoh.
    • Konflik
    Yakuwe masalah utawa permasalahan sing ana neng sajrone crita.
    • Sudut Pandang
    Yakuwe cara pengarang nggambarake tokoh crita. Biasane pengarang nggunakake sudut pandang wong kepisan lan wong ketelu. Sudut pandang wong kepisan yakuwe pengarang dadi tokoh utama neng njero crita kuwe, biasane nggunakake tembung sesulih wong kapisan 'aku'. Sudut pandang wong katelu yakuwe pengarang nggambarake tokoh liya, pengarang dudu tokoh utama crita.
    • Gaya Bahasa
    Yakuwe bahasa sing digunakake pengarang kanggo nyritakake kahanan neng njero crita.
    • Amanat
    Yakuwe pesen saka pengarang sing kepengin diomongake marang pamacane.


    Unsur Ekstrinsik
    Unsur ekstrinsik yakuwe unsur sing sing ana ing sajabane crita. Unsur-unsur intrinsik crita rakyat yakuwe nilai-nilai sing kekandhut ing sajrone crita, kayadene nilai sosial, budaya, agama, estetika, moral, lan sapanunggalane.

    PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

    1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...