Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening
paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe
pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake
purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake
purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha
wacanen paugerane geguritan.
Titikane geguritan
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan
uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra
bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah,
pamundhut, lan sapanunggalane.
Unsur-unsur geguritan
1.
Unsur
fisik
· Diksi uga sering diarani pamilihing tembung, kanggo ngasilake geguritan kang trep,
pangaggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung
kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (Denotatif), Tembung
kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang,
lan ragam basa jawa apa sing digunakake.
· Citraan
yakuwe andharan saka panulis sing bisa narik kawigaten. Citaan biasane awujud
tembung-tembung.
·
Majas
yakuwe wujud ukara sing bisa narik kawigaten.
· Bunyi
yakuwe tembung-tembunge kudu ana kaitane siji lan sijine supaya bisa narik
kawigaten. Bunyi uga bisa diarani sajak.
·
Tipografi
yakuwe wujud tulisan sing bisa narik kawigaten.
2.
Unsur
batin
·
Tema
yakuwe gagasan pokok sing diandharake panulis lumantar ing geguritane.
· Rasa
pangrasa yakuwe rasane panulis sing kepengin diandharake. Nemtokake
nolak, nyarujuki, apa nyengkuyung tumrap rasa kuwe.
·
Nada
Irama
Nada yakuwe
sikap batin panganggit/panulis, sing arep diekspresiake marang pamaca. Ana nada
nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci,
bungah, lan sapanunggalane. Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine
unsure kang ana gandheng cenenge karo bab bab kang sarwa teratur.
· Amanat
yakuwe pesen kang diandharakae dening panulis marang pamaca lumantar ing
geguritane.
Jenis
geguritan
Geguritan klasik
Geguritan
klasik nduweni titikan, yakuwe:
·
Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit.
·
Sapada ana 4 gatra utawa luwih
·
Cacahing wanda saben gatrane padha
·
Guru lagune runtut lan biasane
nggunakake purwakanthi.
Tuladha:
Sun
gegurit
Kabeh
manungsa kudu mangerti
Babagane
urip saha pati
Imbang
akherat lan duniawi
Sholat
ngaji padha dilakoni
Geguritan moderen
Geguritan
modheren yakuwe jinising geguritan kang wis ora kaeket dening paugeran. Geguritan
modheren nduweni werna-werna jenis, yakuwe antarane:
· Ode
yakuwe
geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang wong liya, negara, apadene
kang dianggep luhur.
· Himne
yakuwe
geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang Gusti Kang Mahakwasa.
· Elegi
yakuwe
geguritan kang surasane panalangsa
· Epigram
yakuwe
geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, lan nilai idup kang
becik.
· Satire
yakuwe
geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme).
· Romansa
yakuwe
geguritan kang surasane babagan katresnan.
· Balada
yakuwe
geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa lamunane
pujangga.
No comments:
Post a Comment