Monday, July 20, 2020

TEKS NOVEL

Novel yakuwe karya sastra populer kang awujud gancaran (prosa) sing isine nyeritaake lelakon saksawijine sing nengenake watak , panguripan utawa panggonan. Novel uga bisa ditegesi cerita ing prosa kang dawa lan amba .

Unsur-unsur Novel
Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik yakuwe unsur sing mbangun crita saka njero. Unsur-unsur intrinsik crita rakyat yakuwe:
·         Tema
Yakuwe pokok pikiran utama, ide pokok permasalahan sing dinggo kanggo dasare pengarang
·         Alur
Yakuwe dalaning crita, reroncening prastawa sing mujudake crita kanthi dhasar hubungan sebab akibat. Alur wujude ana werna 3, yakuwe:
1.      Alur maju
Yakuwe prastawa sing diwujudake kanthi runtut saka prastawa pertama tinuju prastawa sebajute
2.      Alur mundur
Yakuwe alur sing nyritakake wektu sing kepungkur.
3.      Alur gabungan/ zik-zak
Yakuwe gabungan saka alur maju lan alur mundur.
·         Latar
Katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan prastawa. latar ana 3 werna, yakuwe:
1.      Latar papan/panggonan
Lokasi utawa bangunan fisik liya sing dadi panggonan kedadeyan prastawa ing crita.
2.      Latar wektu
Wektu (masa) tertamtu pas prastawa crita kuwe kedadeyan.
3.      Latar swasana
Salah siji unsur instrinsik sing gegayutan karo kahanan psikologis sing muncul bebarengan karo dalaning crita.
·         Tokoh dan Penokohan
Penokohan yakuwe gambaran watek pelaku; cara pengarang menggambaraken watak tokoh. Istilah tokoh nunjukaken wong/pelaku crita, menawa pekonokohan nunjukaken sikap kualitas pribadi tokoh.
·         Konflik
Yakuwe masalah utawa permasalahan sing ana neng sajrone crita.
·         Sudut Pandang
Yakuwe cara pengarang nggambarake tokoh crita. Biasane pengarang nggunakake sudut pandang wong kepisan lan wong ketelu. Sudut pandang wong kepisan yakuwe pengarang dadi tokoh utama neng njero crita kuwe, biasane nggunakake tembung sesulih wong kapisan 'aku'. Sudut pandang wong katelu yakuwe pengarang nggambarake tokoh liya, pengarang dudu tokoh utama crita.
·         Gaya Bahasa
Yakuwe bahasa sing digunakake pengarang kanggo nyritakake kahanan neng njero crita.
·         Amanat
Yakuwe pesen saka pengarang sing kepengin diomongake marang pamacane.

Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yakuwe unsur sing sing ana ing sajabane karya fiksi kang duwe pengaruh laire karya sastra, nanging ora klebu bagean fiksi . Unsur-unsur intrinsik crita rakyat yakuwe:

1.      Unsur Biografi

Unsur ekstrinsik novel kaping sepisan yakuwe unsur biografi utawa latar belakang panulis. Sing diarani unsur biografi yakuwe unsur babagan latar belakang panulis, ing antarane papan panggonan panulis, kluwargane, latar belakang pendidikan, lingkungan, lsp.

2.     Unsur Sosial

Kaping pindho yakuwe unsur sosial, unsur sosial utawa kahanan sosial budaya raket gandeng cenenge karo kahanan masyarakat wektu novel digawe. Artine kahanan sosial melu nemtokake isi lan crita novel. Kang kalebu unsur sosial antarane yakuwe: kahanan politik, kahanan sosial, kahanan ekonomi, ideologi negara sarta lingkungan masyarakat ing sakiwa tengene panulis.

 

3.     Unsur Nilai

Kang diarani unsur nilai yakuwe nilai-nilai sing kekandhut ing sajrone novel. Unsur iki nemtokake crita novel lan arah critane saka awal kanti akhir. Unsur nilai ing sajrone novel gegayutan karo nilai-nilai sing kekandhut ing novel kasebut, ing antarane arupa nilai agama, nilai sosial, nilai budaya, lan nilai moral.


Jenis-jenis Novel 
1.      Miturut jinise, novel iku ana 2 yaiku: 
·   Novel Serius, Novel serius yakuwe novel sing surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese, wong sing maca bisa dadi pribadhi sing luwih becik. Novel serius nduweni piguna sosial (bisa nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa kang luwih prasaja) 
·      Novel Hiburan, Novel hiburan yakuwe novel sing ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut. Novel hiburan nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin ngrampungake anggone maca.
2.      Miturut kedadeyane, novel kaperang dadi 2 yakuwe:
·        Novel Fiksi yakuwe jinis novel sing ora nyata utawa ora ana prastawane neng dunya.
·       Novel Non Fiksi yakuwe jinis novel saka kisah nyata lan bisa dibuktekna kanthi cara ilmiah.
3.      Miturut Genre Crita, novel ana 5 werna yakuwe:
·   Novel Romantis, yakuwe jinis novel sing nggambarake tresna asih lan asmara antarane manungsa.
·        Novel Horror, yakuwe jinis novel kang nyritakake crita kang nggegirisi.
·        Novel Misteri, yakuwe jinis novel sing nyritakake kisah misteri lan detektif
·      Novel Komedi, yakuwe jinis novel kang nyritakake babagan kang gegayutan karo komedi lan bab-bab kang lucu.
·         Novel Inspiratif, yakuwe jinis novel sing isine kisah inspiratif

Karakteristik Novel
Novel minangka karya sastra nduweni karakteristik utawa cirai –ciri, kang antarane:
·         Novel kadadeyan minimal 35.000 tembung utawa 100 kaca/halaman
·         Ana luwih saka siji tokoh sing dicritakna
·         Ana luwih saka siji efek lan emosi
·         Novel nduweni alur crita kang kompleks

·         Ana tema sampingan

No comments:

Post a Comment

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...