Thursday, September 22, 2022

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.        PARIBASAN
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladha paribasan :

a.    Anak catur mungkur (ora gelem ngrungokake rrasaning liyan kang ora prayoga)

b.    Keplok ora tombok (melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad)

c.    Durung pecus keselak besus (durung pinter nanging nduweni kepenginan kang neka-neka)

 

2.        SANEPA

Yaiku tetembungan kang saemper pepindhan, ngemu surasa mbangetake lan ateges kosok balene karo tetembungan.

Tuladha:

-          Eseme pait madu (eseme manis banget)

-          Tatune arang kranjang (tatune rengkep banget)

-          Utange arang wulu kucing (utange akeh banget)

 

3.        ISBAT

Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggonelan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembunh kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu’pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘ketetapn’. Isbat saemper paribasan, tegese luereg marang flsafat lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, kosep, utawa, kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat kejawen, utawa idheologi ‘sangkan paran’.

Tuladha : :

-          Golek banyu apepikulan warih

-          Nggoleki galihing kangkung

-          Nggoleki susuhing angina

-          Ngupadi banyu suci perwitasari

Lsp.

Tuesday, September 20, 2022

CANGKRIMAN, KERATA BASA, BALI SWARA, DASA NAMA

  1.      CANGKRIMAN

Yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude. Cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman kaperang dadi 4 jinis:

a.    Cangkriman wancahan (singkatan)

Tuladha:

-       Pakboletus → tapak kebo lelene satus

-       Burnaskopen → bubur panas kokopen

-       Pindhang kutut → sapine mblandhang lukune katut

-       Lingciktu, tulinglingyu → maling mancik watu, watune nggoling malinge mlayu

-       Gowang pelot → jagone ning lawang, cempene mencolot

 

b.    Cangkriman pepindhan (perumpamaan)

-       Pitik walik saba kebon → nanas

-       Pitik walik saba meja → sulak

-       Sega sakepel dirubung tinggi → salak

-       Simboke dielus-elus, anake diidak-idak → andha

-       Anake nangis, simboke jait, bapake udud → sepur

 

c.    Cangkriman plesedan

-       Bakul klapa dikepruki → klapane sing dikepruki

-       Mayit dilumpati kucing urip → kucinge sing urip

-       Wong meteng ngetokne wedhus → ngetokne wedhus saka kandhang

-       Gajah ngidak endhog ora pecah → gajahe sing ora pecah

 

d.   Cangkriman sinawung ing tembang

Bapak pocung amung sirah lawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Prapteng wisma si pocung dadi dahana

(batangane = penthol korek)

 

2.      KERETA BASA

Uga diarani jarwa dhosok, yaiku negesi tembung kanthi ngudhari wancahan wandane (suku kata)

Tuladha :

a.     Kerikil → keri ing sikil

b.    Katok → diangkat sitok-sitok

c.     Kodhok → teko-teko ndhodhok

d.    Sirah → isine rah (getih)

e.     Rodha → loro kudu padha

f.     Kuping → kaku tur njepiping

g.    Guru → digugu lan ditiru

h.    Saru → kasar tur kliru

 

3.      BALI SWARA

Yaiku ukara kang anggone negesi kanthi diwalik. Tembung baliswara lumrahe dienggo ana ing tembung kang nduweni karep supaya bisa njumbuhake guru lagune.

Tuladha :

a.     Anoman malumpat sampun → Anoman sampun mlumpat

b.    Raja putri → putri raja

c.     Surya putra → Surya putra

 

4.      DASA NAMA

Yaiku tembung-tembung kang duweni teges padha

Tuladha:

a.    Anak → sunu, suta, atmaja, tanaya, yoga, putra, siwi

b.    Ibu → biyung, sombok, rena

c.    Angin → bayu, maruta, indra

d.   Geni → agni, api, dahana

e.    Gunung → giri, arga, ancala, wukir, ardi

 

Sunday, March 27, 2022

PURWAKANTHI, PARIKAN, WANGSALAN, BASA RINENGGA

1.      Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

Tuladha :

Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.

Ana dina ana upa, ana awan ana pangan

 

Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.

Purwakanthi ana werna telu yaiku :

a. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

Tuladha:

Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati

Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon

Yen gelem obah bakal mamah

b. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.

Tuladha:

Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.

Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.

Sluman slumun slamet.

c.       Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.

Tuladha :

Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.

Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.

Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

 

2.      Parikan

Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang basa Indonesia parikan iku diarani pantun.Ciri-cirine :

a.       Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.

b.      Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose).

c.       Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.

d.      Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.

e.       Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben Sagatra.

Tuladhane :

a.      Parikan kedadeyan saka rong gatra.

        Tuladha :

        - Wajik klethik, gula jawa.

          Kalah dhisik, ora papa.

       -  Kutha Kendhal, kali wungu.

          Ajar kenal, karo aku.

       - Ngasah arit, nganti landhep.

         Dadi murid, kudu sregep.

b.   Parikan kang kedadeyan saka patang gatra.

      Tuladha:

- Bibi Surip tuku klobot,

  Pethuk encik tawa roti.

  Uwong urip pancen abot,

  Mula becik ngati-ati.

Jangan kacang jangan kara,

  Kaduk uyah kurang gula.

  Piwelingku mring pra mudha,

   Aja wedi ing rekasa.

       

3.      Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.

Tuladhane :

       (1). Jenang gula, kowe aja lali

       (2). Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh        

       (3). Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake

Pratelan ing ndhuwur bisa diarani wangsalan, amarga nitik saka ukarane wis ana wangsulan tumrap cangkriman kang dikarepake, yaiku (1) jenang gula iku arane glali, mula bisa dadi tembung lali, (2) janur gunung iku arane aren, mula bisa dadi tembung kadingaren, (3) jangan gori iku arane gudheg mula bisa dadi tembung judheg.

 

4.      Basa rinengga

Basa rinengga yaiku basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung.

Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi.




Tuesday, February 22, 2022

PARIWARA

 

Wara-wara (pengumuman) yaiku salah sawijining wujud pawarta utama laying / nawala (surat) kang katujokake marang umum. Mula, wara-wara iku warta kang asipat ora resmi. Surasane ora ana kang disingidake kabeh kang dikarepke diblakakake. Wara-wara iku nggone gawe kudu isa narik kawigaten marang kang bakal maca / ngrungokake, mula kudu cekak aos, lan cetha. Malah anggone gawe wara-wara uga kudu isa kreatif dan inovatif.

           Perangane wara-wara ora ganep kaya laying liyane, watone sapa kang gawe, katujokake marang sapa, lan surasane apa wis cetha isa diwartakake. Perangan wara-wara iku: adangiyah, pambuka, surasa basa / isi, wasana basa / panutup, papan lan titimangsa, peprenah, lan asma terang.

       Jinis-jinise wara-wara iku maneka warna, ing antarane kayata wara-wara, pariwara / iklan, brosur, pamphlet, lelayu, baliho, kampanye, lan sapanungalane. Mula, wara-wara iku biyasane dipapanake ana ing papan kang gampang diwaca utawa dingerteni dening umum. Tuladhane wara-wara tinulis dipajang ing pinggir rattan utawa malah malang rattan gedhe. Wara-wara iku di wartakake isa lumantar tulisan utawa lesan. Dene wara-wara kang isa dirungokake iku lumantar radhio utawa televisi.

Pangertene pariwara/iklan

Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening prodesen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masarakat kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.

Ancas pariwara yaiku :

a.       Menehi ngerti masarakat

b.  Ngajak masarakat supaya tuku utawa nggunakake produk kasebut 

Pariwara  nduweni paugeran, yaiku:

a.    Pariwara migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
b.    Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
c.    Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
d.   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.


Perangan pariwara/iklan

Bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :

a.       Ukarane cekak lan aos (singkat jelas)

b.  Basa kang digunakake isa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif)

c.       Tulisan lan gambare narik kawigaten

 

Unsur-unsur pariwara/iklan

Unsure iklan ing antarane kayata :

a.       Jeneng barang/jasa kang ditawakake

b.      Alamat produsen

c.    Kahanan barang/jasa kang ditawakake, lsp.

 

Jenis-jenise pariwara, yaiku :

1.      Pariwara/iklan

a.       Iklan Informatif

Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :

·   Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.

·     Njelasno cara kerja produk.

·    Menehi infrmasi harga lan kemasan produk

·   Ngoreksi produk

Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.

b.      Iklan Persuasif

Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :

· Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.

·  Nganjurno khalayak milih merk tertentu.

·         Nganjurno kalayak tuku.

·         Ngubah persepsi konsumen.

·         Mbujuk khalayak tuku saiki.

Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.

c.       Iklan reminder

Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :

·   Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.

· Ngilingno konsumen tuku produk iku.

·    Njaga kesadaran produk.

· Njalin hubungan apik karo kosumen.

Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.

 

2.      Iklan umum

a.         Iklan Tanggung Jawab Sosial

Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.

b.         Iklan Bantahan

Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.

c.         Iklan Pembelaan

Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.

d.        Iklan Perbaikan

Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.

e.         Iklan Keluarga

Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.

 

3.      Iklan khusus

a.         Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :

§   Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak.

Tuladhane, yaiku: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.

§   Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.

b.         Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :

§   Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.

§   Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.

c.         Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :

·         Iklan Politik.

·         Iklan Pendidikan.

·         Iklan Kesehatan.

·         Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.

·         Iklan Pariwisata.

·         Iklan hiburan.

·         Iklan Olah Raga.

·         Iklan Hukum.

· Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.

·         Iklan Duka Cita.

·         Iklan Perkawinan.

·         Iklan panganan lan ombean.

·         Iklan Otomotif.

·         Iklan lingkungan Hidup.

·         Iklan Media.

d. Iklan kang nganggo dasar komunikatore

·         Iklan Personal.

·         Iklan Keluarga.

·         Iklan Instusi.

e.         Iklan kang nganggo dasar cakupan

§  Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.

§  Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.

§  Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.

§  Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.

f.          Iklan kang nganggo dasar fungsi

§  Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.

§  Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.

§  Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.

§  Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.

 

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...