Sunday, January 6, 2019

SERAT TRIPAMA

SERAT TRIPAMA
Serat Tripama saka 3 tembang yakuwe :
Tri tegese telu
Pa tegese patuladhan
Ma tegese utama

Serat Tripama kuwe dianggit dening KGPAA Sri Mangkunegara IV taun (1809 - 1881 M) neng Surakarta. Serat Tripama kuwe ditulis awujud Tembang Dhandanggula sing nduweni 7 pada, sing nggambarake katuladanan Patih Suwanda (Bambang Sumantri) sing nduweni 3 katuladhan yakuwe guna, kaya lan purun, Kumbakarna kang nduweni sipat cinta tanah air lan Suryaputra (Adipati Karna) kang nduweni sipat setia lan nepati janji.

Serat tripama awujud tembang Dhandhanggula sing katulis dadi 7 pada. Dhandanggula iku saking 2 tembang yaiku:
Dhandang tegese crewet utawa seneng omong ing ngendi papan
Gula tegese samubarang kang legi

Dhandanggula ngemu surasa kang becik, mula dhandanggula pantese kangge aweh pitutur kang becik. Watake luwes, seneng, lan gumbira.
Pathokan tembung Dhandanggula
a.    Guru gatra                  : 10
b.    Guru Wilangan            : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
c.    Guru Lagu                   : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a


SERAT TRIPAMA
Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV
Dhandhanggula.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.
5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.
7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

11 comments:

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...