CERITA WAYANG
Wayang asale sekang tembung Ma- Hyang sing tegese tumuju marang
dewa utawa Gusti Kang Maha Tunggal. Ana uga sing ngarani wayang kuwe tegese bayangan/wewayangan, bab kiye kanthi
lelandhesan menawa wayang kuwe gegambaran uriping manungsa.
Crita wayang sing terkenal ing tanah Jawa
mligine asumber sekang crita Mahabarata lan Ramayana, nanging bebarengan karo
mlebune agama Islam uga ana crita Menak, crita Panji, syair kepahlawanan, lan
kreasi-kreasi anyar sing didadekaken crita ing pewayangan.
Mligine wayang wis diakui neng UNESCO
minangka kabudayan kang nengsemake lan duweke asli Indonesia kawiwitan tanggal
7 November 2003.
Wayang kawengku dening dhalang. Ing babagan
terminologi basa Jawa, dhalang asale sekang tembung ngudhal piwulang. Ngudhal tegese
nyebarake/ ngandharaken, lan piwulang tegese ajaran/pitutur.
Wayang wujude ana pirang-pirang, ing antarane
yakuwe:
1.
Wayang beber
Wayang beber yakuwe salah siji wayang tertua neng Indonesia. Sajrone pertunjukan
narasi, lembaran gambar dawa dijelasna dening Dhalang. Wayang beber tertua bisa
ditemuka neng daerah Pacitan, Donorojo,
Jawa Timur. Seliyane crita Mahabarata lan Ramayana, wayang beber uga
nggunakaken kisah lan crita rakyat, kayadene seperti kisah asmara Panji Asmoro
Bangun dan.
wayang beber
2. Wayang
kulit/ wayang purwa
Neng tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur sing paling populer yakuwe jenis
wayang kulit/wayang purwa. Wayang kiye awujud tipis lan digawe saka kulit. Neng
Jawa lan Bali, pertunjukan wayang sering nggabungaken crita-crita Hindu karo
Budha lan Islam. Seliyane crita-crita religius, uga ana crita rakyat lan mitos.
wayang kulit
3. Wayang
Klitik (atau Karucil)
Wujude kaya dene wayang kulit, nanging digawe saka kayu. Para dhalang
biasane nganggu bayangan ing pertunjukan. Tembung klithik asale sekang swara
kayu wektu kayu-kayu mau digerakna. Kisah-kisah sing dinggo biasane babagan
kerajaan Jawa Timur, kayadene kerajaan Jenggala, Kediri, lan Majapahit. Crita sing
paling populer yakuwe Damarwulan.
wayang klitik
4. Wayang
golek
Wayang jenis iki wujude wayang telu dimensi sing digawe sekang kayu. Jenis
wayang kiye paling populer neng tlatah Jawa Barat. Ana 2 macem wayang golek,
yakuwe wayang golek papak
cepak lan wayang golek purwa. Crita sing sering dinggo yakuwe kisah Pangeran
Panji, Darmawulan, dan Amir Hamzah, pamannya Nabi Muhammad a.s.
wayang golek
5. Wayang
wong
Jenis wayang kiye awujud drama tari sing nggunakaken manungsa kanggo
nindakaken tokoh-tokoh sing adedasar kisah-kisah wayang tradisional. Cerita sing sering dinggo yakuwe Smaradahana. Kawiwitan, wayang wong
dipertunjukkan kanggo hiburan para bangsawan, nanging siki nyebar dadi wujud
kesenian populer.
wayang wong
Wayang kuwe seni pagelaran sing awujudun drama, mulane wayang kuwe nduweni unsur-usur kayadene drama. Sing kalebu unsur-unsur wayang, yakuwe: tema, latar, alur, punjering crita/sudut pandang, penokohan, konflik, lan amanat.
Ing sajrone crita wayang uga ora mung sekedar drama, nanging wayang duweni nilai-nilai luhur sing bisa diconto neng masyarakat, yakuwe antarane: tanggap ing sasmita/ empati, jujur, mad sinamad/ saling menghargai, tanggung jawab, keadilan, lan nasionalisme/ngabdi marang negara.
Jeneng Ratu lan Negarane
1.
Prabu Baladewa ratu ing Mandura
2.
Prabu Kresna ratu ing Dwarawati
3.
Prabu Ramawijaya ratu ing Pancawati
4. Prabu Suyudana/Duryudana ratu ing Ngastina
5.
Prabu Drupada ratu ing Campala
6.
Prabu Dasarata ratu ing Ngayodya
7.
Prabu Karna ratu ing Ngawangga
8.
Prabu Salya ratu ing Mandraka
9.
Prabu Maswapati ratu ing Wiratha
10.
Prabu Sugriwa ratu ing Guwakiskendha
11.
Prabu Puntadewa ratu ing Ngamarta
12. Prabu Pandu Dewanata ratu ing Ngastina
13.
Prabu Niwatakawaca ratu ing Imantaka
14. Prabu Bomanarakasura ratu ing Trajutrisna
Jeneng Satriya lan Kasatriyane
1.
Raden Werkudara satriya ing Jodhipati
2.
Raden Janaka satriya ing Madukara
3.
Raden Nakula satriya ing Gumbiratalun/ Bumi
Retawu
4. Raden Sadewa satriya ing Sawojajar
5. Raden Gathotkaca satriya ing Pringgondani
6. Raden Antareja satriya ing Jangkar Bumi
7. Raden Antasena satriya ing Sapta Pertala
8. Raden Abimayu satriya ing Plangkawati
9. Raden Irawan satriya ing Yasarata
10.
Raden Setyaki satriya ing Lesanpura
11.
Raden Setyaka satriya ing Tambak Mas
12. Raden Samba satriya ing Parang Garudha
13. Raden Udawa satriya ing Widarakandang
14.
Raden Thistajumpena satriya ing Campalareja
15.
Raden Jayajatra satriya ing Brawa Keling
16.
Raden Kartamarma satriya ing Ngadilangu
17.
Raden Lesmana satriya ing Saroja Binangun
18.
Raden Aswatama satriya ing Sokalima
19.
Raden Dursasana satriya ing Bajar Jumput
20.
Raden Sengkuni satriya ing Plasajenar
21.
Raden Anoman satriya ing Kendhali Sada
22.
Raden Kumbakarna satriya ing Panglebur Gangsa
No comments:
Post a Comment