Saturday, February 19, 2022

SESORAH

1.  Pengerten sesorah

Sesorah yaiku micara neng sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining panemu, gagasan, pamikir, lan sapanunggale.

Manut tujuane sesorah dibagi dadi 3 :

1.    Kanggo paring informasi.

2.    Kanggo hiburan

3.    Kanggo mbujuk pamireng.

 

2.  Perangan sesorah

a.       Satata Basa/ Salam pambuka

Isine salam pambuka, asung pakurmatan, lan ajak-ajak tansah atur puji sokur ing ngarsane Gusti Allah.

Tuladha :

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Mugi rahayu sagung dumadi. Kasarasan, kabagyan, lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sedaya awit rahmmatipun Gusti Allah. Ingkang tuhu sinudarsana para pangemban praja ing Desa Sidowara, Ibu-Ibu PKK tingkat Desa Sidowaras ingkang satuhu binekten. Murwani atur kula, mangga kula dherekaken mawantu-wantu ngonjukaken puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Dene kula lan panjenengan sedaya dinten menika pinaringan bagas waras mila saged rawuh ing kempalan dinten menika.

b.      Purwaka basa/ pambuka

Isine pambuka kanggo lambaran/ dhasar isi sing arep diaturaka.

Tuladha :

Ing pepanggihan menika kula badhe matur sekedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke ngrenggani maneka warni kalawarti. Sesakit Ebola limrah kasebat EVD (Ebola virus Disease) utawi EHF ( Ebola Hemorrhagic Fever). Penyakit menika mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitipun sesakit menika wonten ing sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo. virus menika katemokaken sepisanan rikala taun 1976.

c.       Surasa Basa/ Isi

Isine ngenani intining sesorah.

Tuladha :

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasampunipun tiyang kaserang virus menika kanthi tandha-tandha (gejala) ndhrodhog (demam), sakit ing gurung (tenggorokan), sakit ing otot bayu (nyeri otot), lan sakit ing sirah. Umumipun kasusul mungkug-mungkug (mual), muntah, lan mencret (diare), ugi sudanipun kriyanipun manah (lever) tuwin ginjal. Dumugi trap-trapan menika tiyang ingkang kenging Ebola lajeng ngalami pendarahan.

Ibu-ibu tuwin para lenggah ingkang minulya.

Manawi wonten sanak kadang tuwin tanggi ingkang ngalami tandha-tandha kados andharan kula kalawau, enggal-enggal tindak dhateng dhokter utawi puskesmas sacelak panjenengan supados pikantuk usada. Ngengingi sesakit Ebola dinten menika dumados kados pageblug ingkang nggegirisi, mila mbetahaken upaya usada ingkang sanget mirunggan. Boten sedaya Puskesmas menapa dene griya sakit nyumadhiyakaken prabotan kangge penanganan medis. Para pangemban praja perlu enggal-enggal paring seserepan dhumateng warga ing bab panggenan pundi kemawon ingkang saged katuju saperlu pikantuk pitulungan ingakng samesthinipun saha sarikat-rikatipun.

d.      Dudutan/ Kesimpulan

Tuladha :

Para rawuh ingkang binekten.

Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun. Pramila mangga kita sami nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita sedaya. Kangge nyegah lan nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang saestu. Kita ugi kaajab sregep pados katerangan-katerangan ngengingi gegayutan kaliyan sesakit Ebola saking radhio, televisi, koran lan pepanggihan-pepanggihan kados mekaten menika.

e.       Wasana Basa/ Panutup

Tuladha :

Ingkang pungkasan, cekap semanten anggen kula matur. Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosan panjenengan sedaya. Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andharan menika, kula nedha agunging samudra pangasama. Pepuntoning atur kula, bilahittaufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

 

3.  Ancase sesorah

a.       Menehi informasi

b.      Menehi panglipur

c.       Menehi kabar lan pangajak

 

4.  Patrap/ sikap nalika sesorah

a.    Sarira / sikap kang kurang becik, antarane ngadeg kanthi :

u lelambaran sikil siji

u sikil rapet banget utawa mbegagah banget

u loyo/ ora semangat

u ora jejeg utawa dhoyong

u lendhehan papan micara/ mimbar/ meja

u kaku, kaya wong baris

u ora nggatekake tamu/ pamireng

u nyekel cagak mike

b.    Owah-owahan praen kang kurang mranani (ekspresi wajah) :

u guyu kang digawe-gawe

u kerep mesem kang digawe-gawe, mula kaya cengengesan

u tansah mbesengut

u tansah ndhingkluk utawa mengo

u gugup

c.    Owah-owahan sarira kang kurang mranani (gerak) :

u kerep mbanda tangan

u kerep kukur-kukur, ngukuri kuping utawa bathuk

u kerep ndeleng caathethan

u kerep nyekel mike

u nyoba mike kanthi disebul/ didamu

u tangan ana ing sajroning sak celana/ klambi

Supaya anggone sesorah bisa lancar lan narik kawigatene pamiarsa, sing kudu digatekake yaiku :

a.    Rileks, supaya suarane ora keprungu ndredeg

b.    Menawa ngecek mike aja disebul/ didamu, cukup kanthi dikethuk sepisan

c.    Nganggo basa kang sesuai/ jumbuh karo pamiarsane

d.   Cekak aos, ora mubeng-mubeng sing dingendikakake

e.    Wiramaning suara cetha lan dijumbuhake / disesuaikake karo kahanan

f.     Tutuk aja kecedhaken karo mike

g.    Suara ora perlu seru, nanging disesuaikake karo panggonan, pamiarsa lan kahanane

 

5.  Teknik membaca sesorah

Teknike wong maca sesorah ana 4 werna, yaiku:

1. Apalan

    Yaiku teknik maca sesorah kang dilakokake kanthi cara ngapalna teks sesorah.

2. Maca teks/naskah

    Yaiku teknik maca sesorah kang dilakokake kanthi cara maca teks sesorah kasebut.

3. Ekstemporan

    Yaiku teknik maca sesorah kanthi nganggo cathetan cilik kang isine pokok-pokok sesorah kang arep diaturake marang para pamirsa.

4. Impromtu

    Yaiku teknik maca sesorah kanthi dadakan utawa durung ngrancang cengkorongane sesorah sing arep diaturake marang pamirsa.

Nalika nindakake sesorah kang kudu digatekake :

u Sikep nalika sesorah. Yen sesorah karo ngadeg kudu jejeg (nanging ora kaku), ora mingsat-mingsut lan anteng. Yen karo lungguh kudu tegap (dhadhane dijokake), aja mbungkuk utawa miring. Angger neng pahargyan adat Jawa nalika ngadeg becike ngapurancang.

u Basa kang digunakake gampang dingerteni lan komunikatif

u Suara kudu ndeleng panggonan . Upama sesorah neng jero kelas aja nganti ngarep kebrebegen, nanging sing penting mburi bisa krungu kanthi cetha. Anggere neng lapangan kudu seru.

u Nggatekake tema kang jumbuh karo kahanan.

u Swasana utawa kahanan.

u Wektu

u Pamireng


6.  Tuladha Sesorah

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Mugi rahayu sagung dumadi. Kasarasan, kabagyan, lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sedaya awit rahmmatipun Gusti Allah. Ingkang tuhu sinudarsana para pangemban praja ing Desa Sidowara, Ibu-Ibu PKK tingkat Desa Sidowaras ingkang satuhu binekten. Murwani atur kula, mangga kula dherekaken mawantu-wantu ngonjukaken puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Dene kula lan panjenengan sedaya dinten menika pinaringan bagas waras mila saged rawuh ing kempalan dinten menika.

Ing pepanggihan menika kula badhe matur sekedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke ngrenggani maneka warni kalawarti. Sesakit Ebola limrah kasebat EVD (Ebola virus Disease) utawi EHF ( Ebola Hemorrhagic Fever). Penyakit menika mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitipun sesakit menika wonten ing sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo. virus menika katemokaken sepisanan rikala taun 1976.

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasampunipun tiyang kaserang virus menika kanthi tandha-tandha (gejala) ndhrodhog (demam), sakit ing gurung (tenggorokan), sakit ing otot bayu (nyeri otot), lan sakit ing sirah. Umumipun kasusul mungkug-mungkug (mual), muntah, lan mencret (diare), ugi sudanipun kriyanipun manah (lever) tuwin ginjal. Dumugi trap-trapan menika tiyang ingkang kenging Ebola lajeng ngalami pendarahan.

Ibu-ibu tuwin para lenggah ingkang minulya.

Manawi wonten sanak kadang tuwin tanggi ingkang ngalami tandha-tandha kados andharan kula kalawau, enggal-enggal tindak dhateng dhokter utawi puskesmas sacelak panjenengan supados pikantuk usada. Ngengingi sesakit Ebola dinten menika dumados kados pageblug ingkang nggegirisi, mila mbetahaken upaya usada ingkang sanget mirunggan. Boten sedaya Puskesmas menapa dene griya sakit nyumadhiyakaken prabotan kangge penanganan medis. Para pangemban praja perlu enggal-enggal paring seserepan dhumateng warga ing bab panggenan pundi kemawon ingkang saged katuju saperlu pikantuk pitulungan ingakng samesthinipun saha sarikat-rikatipun.

Para rawuh ingkang binekten.

Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun. Pramila mangga kita sami nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita sedaya. Kangge nyegah lan nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang saestu. Kita ugi kaajab sregep pados katerangan-katerangan ngengingi gegayutan kaliyan sesakit Ebola saking radhio, televisi, koran lan pepanggihan-pepanggihan kados mekaten menika.

Ingkang pungkasan, cekap semanten anggen kula matur. Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosan panjenengan sedaya. Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andharan menika, kula nedha agunging samudra pangasama. Pepuntoning atur kula, bilahittaufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

No comments:

Post a Comment

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...