Monday, October 21, 2019

PAMOR KERIS

Jenis Pamor Keris Nusantara
Pamor keris yaiku sawijining motif kang ana ing keris. Pamor ana amarga kreativitas empu utawa ana amarga ora disengaja (tiban). Akeh para empu lan kolektor keris pamor ing keris nduweni tuah khasiat kang beda-beda. Ana kang nduweni manfaat lan ana kang ngandhut kutukan (tuah). Ing nusantara ana kurang lewih 150 jenis pamor keris kang cinathet, antarane ing ngisor iki:

Jung Isi Dunya
Jung Isi Dunya yaiku salah sawijining pamor kang kalebu pamor mlumah. Pamor iki bisa mapan ing ngendi wae. Bisa ana ing sor-soran (ngisor), tengah, utawa pucuk. Wujud gambare arupa pirang-pirang bunderan cilik lan lapis-lapis, dikelilingi bunderan gedhe
Kadang-kadang pamor Jung lsi Dunya kaselip ing antara pamor Wos Wutah utawa Ngulit Semangka, nanging kadhang kala pamor iki ngadeg dhewe. Tuah pamor iki yaiku kanggo ngrewangi nggolek kasugihan lan rejeki. JUNG ISI DUNYA utawa JUNJUNG    DARAJAD salah sawijining motif pamor kang mbiyen namung kawentar ing Madura lan Jawa Timur. Wujud pamor iki sajatine arupa gabungan saka rong werna pamor. Ing bonggol keris, yaiku ing sor-soran ana pamor Ujung Gunung, nanging namung sepucuk.













Kalacakra
Yaiku salah sawijining pamaor kang wujude arupa garis silang kaya huruf X, kang ing tengahe ana bunderan kang mirip pusaran pamor Sumur Bandung. Pucuking garis silang sisih ndhuwur tekan wates wilahan. Pamor kang nduweni aran Rajah iki tansah manggon ing bageyan sor-soran keris utawa tombak. Kalacaraka knggo kang percaya, nduweni manfaat kanggo penangkal gunaguna. Pamor iki kagolong pamor rekan, kang ora saben wong bakal ngrasa cocok menawa nduweni











Dwi Warna
Dwiwarna ing dunya perkerisan ing Pulau Jawa yaiku istilah kanggo nunjuk keris kang ing sisih wilahe nduweni rong macem motif pamor kang sejen, antarane, ing bonggol keris ana pamor Wos Wutah, menawa ing pucuke pamor Adeg. Kalorone diwatesi wesi keris tanpa pamor watara 5 mm tekan 25 mm. Nanging, yen kalorone nyambung, wates pamor iku kudu kontras











Dadung Muntir
Dadung Muntir kadang-kadang diarani Dadung Kepuntir utawa Dadung Keplintir yaiku salah sawijining motif pamor kang wujud gambare meh mirip pamor Sada Saler utawa Adeg Siji. Bedane, garis pamor kang ana ing sadawane wilahan ora awujud garis biasa, nanging awujud lukisan pamor kang mirip gambar rerocening tambang/ tambang kang diplintir. Kanggo kang percaya, pamor Dadung Muntir iki bisa nambahi kawibawan, tekad, lan kateguhan ati wong kang nduweni.
















Ceblokan
PAMOR CEBLOKAN utawa pamor titipan, yaiku sawijining pamor kang nyelip ing antara pamor liya. Istilah pamor ceblokan akeh dinggo ing Surakarta lan sekitare, menawa istilah pamor titipan umume dinggo ing daerah yogyakarta











 Buntel Mayit

Buntel Mayit utawa Mbuntel Mayit yaiku sawijining wujud motif pamor kang mirip ubedan kain kang mbungkus kabeh awak wilahan keris, tombak, mata panah utawa pedang. Pamor iki kagolong pamor rekan, yaiku kang gambarane dirancang dening sang empu. Pamor Buntel Mayit yaiku pamor puntiran, yaiku perpaduan saka pamor mlumah lan pamor miring, amarga saton keris iku diplintir dhisik sadurunge dibentuk kodokan keris. Akeh kang nduweni anggepan, menawa pamor Buntel Mayit nduweni tuah kang kurang apik, sering nggawa sial kanggo kang nduweni. Nanging sebageyan wong nganggep menawa pamor iki mujudake wong kang nduweni yaiku wong kang kuwat, nggampangake rejeki. Akeh wong kang nganggep jenis pamor iki kagolong pamilih, amarga ora sembarang wong bakal cocok menawa nduweni.


PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...