Sunday, March 27, 2022

PURWAKANTHI, PARIKAN, WANGSALAN, BASA RINENGGA

1.      Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

Tuladha :

Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.

Ana dina ana upa, ana awan ana pangan

 

Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.

Purwakanthi ana werna telu yaiku :

a. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

Tuladha:

Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati

Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon

Yen gelem obah bakal mamah

b. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.

Tuladha:

Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.

Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.

Sluman slumun slamet.

c.       Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.

Tuladha :

Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.

Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.

Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

 

2.      Parikan

Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang basa Indonesia parikan iku diarani pantun.Ciri-cirine :

a.       Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.

b.      Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose).

c.       Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.

d.      Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.

e.       Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben Sagatra.

Tuladhane :

a.      Parikan kedadeyan saka rong gatra.

        Tuladha :

        - Wajik klethik, gula jawa.

          Kalah dhisik, ora papa.

       -  Kutha Kendhal, kali wungu.

          Ajar kenal, karo aku.

       - Ngasah arit, nganti landhep.

         Dadi murid, kudu sregep.

b.   Parikan kang kedadeyan saka patang gatra.

      Tuladha:

- Bibi Surip tuku klobot,

  Pethuk encik tawa roti.

  Uwong urip pancen abot,

  Mula becik ngati-ati.

Jangan kacang jangan kara,

  Kaduk uyah kurang gula.

  Piwelingku mring pra mudha,

   Aja wedi ing rekasa.

       

3.      Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.

Tuladhane :

       (1). Jenang gula, kowe aja lali

       (2). Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh        

       (3). Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake

Pratelan ing ndhuwur bisa diarani wangsalan, amarga nitik saka ukarane wis ana wangsulan tumrap cangkriman kang dikarepake, yaiku (1) jenang gula iku arane glali, mula bisa dadi tembung lali, (2) janur gunung iku arane aren, mula bisa dadi tembung kadingaren, (3) jangan gori iku arane gudheg mula bisa dadi tembung judheg.

 

4.      Basa rinengga

Basa rinengga yaiku basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung.

Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi.




PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...