Sunday, July 26, 2020

BUSANA ADAT JAWA


BUSANA ADAT JAWA


Busana adat Jawa diarani busana kejawen. kanggo masyarakat Jawa, busana adat jawajangkep nduweni filosofi dhewek, yaiku menawa wong Jawa kuwe kudu nglakokaken urip kanthi harmonis.

Busana Adat Jawa Jangkep Kangko Wong Lanang:
1.     Iket
Iket yakuwe kain kang dibentuk dadi panutup sirah. Filosofi sing ana neng sajrone iket yakuwe supaya manungsa nduweni pamikiran kang kenceng lan ora gampang terpengaruh.

2.      Udheng
Dienggo ing sirah kayadene topi
Udheng = mudheng = paham utawa ngerti
Filosofi = supaya manungsa nduweni ketrampilan lan ilmu pengetahuan

3.      Rasukan/ klambi
Rasuk = ngrasuk/ ngresep/mlebu
Filosofi =   supaya manungsa ngrasuk / nyembah Tuhan kanthi sadar

4.      Benik
Dinik = diitung kanthi tliti
Filosofi = manungsa ing tumindake kudu kanthi itungan lan tliti

5.      Sabuk
Sa-buk = impas/ pas
Filosofi = manungsa iku kudu bisa nggunakake awak kanggo makarya lan aja kanthi rugi

6.      Epek
Apek = nggolek
Filosofi = urip kui kanggo nggolek ilmu

7.      Timang
Timang= samang/kuwatir
Filosofi = ilmu pengetahuan dipahami kanthi jelas/gamblang supaya ora ndadekake rasa kuwatir

8.      Jarik
Jarik= aja serik
Filosofi = aja gampang serik/ iri karo wong liya

9.      Wiru
Wiru= wiwiren aja nganti kleru
Filosofi = kabeh bab kudu diolah supaya nyenengake lan harmonis, aja nganti gawe kleru

10.  Bebed
Ubed / tekun & rajin
Filosofi = manungsa kudu tekun lan rajin golek rejeki

11.  Canela/ selop
Canela = canthelna jroning nala
Filosofi = supaya kita tansah nyembah lahir batin

12.  Curiga & warangka
Filosofi = pralambang menawa manungsa minangka ciptaane kudu nyembah marang Tuhan
Curiga manggone nang mburi = tegese manungsa kudu ngungkurake godaane syetan


GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.

Titikane geguritan
1.      Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2.      Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3.      Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4.      Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Unsur-unsur geguritan
1.      Unsur fisik
·   Diksi uga sering diarani pamilihing tembung, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (Denotatif), Tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang, lan ragam basa jawa apa sing digunakake.
·     Citraan yakuwe andharan saka panulis sing bisa narik kawigaten. Citaan biasane awujud tembung-tembung.
·         Majas yakuwe wujud ukara sing bisa narik kawigaten.
·   Bunyi yakuwe tembung-tembunge kudu ana kaitane siji lan sijine supaya bisa narik kawigaten. Bunyi uga bisa diarani sajak.
·         Tipografi yakuwe wujud tulisan sing bisa narik kawigaten.

2.      Unsur batin
·         Tema yakuwe gagasan pokok sing diandharake panulis lumantar ing geguritane.
·   Rasa pangrasa yakuwe rasane panulis sing kepengin diandharake. Nemtokake nolak, nyarujuki, apa nyengkuyung tumrap rasa kuwe.
·         Nada Irama
Nada yakuwe sikap batin panganggit/panulis, sing arep diekspresiake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane. Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsure kang ana gandheng cenenge karo bab bab kang sarwa teratur.
·    Amanat yakuwe pesen kang diandharakae dening panulis marang pamaca lumantar ing geguritane.

Jenis geguritan
Geguritan klasik
Geguritan klasik nduweni titikan, yakuwe:
·         Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit.
·         Sapada ana 4 gatra utawa luwih
·         Cacahing wanda saben gatrane padha
·         Guru lagune runtut lan biasane nggunakake purwakanthi.

Tuladha:
Sun gegurit
Kabeh manungsa kudu mangerti
Babagane urip saha pati
Imbang akherat lan duniawi
Sholat ngaji padha dilakoni

Geguritan moderen
Geguritan modheren yakuwe jinising geguritan kang wis ora kaeket dening paugeran. Geguritan modheren nduweni werna-werna jenis, yakuwe antarane:
·      Ode yakuwe geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang wong liya, negara, apadene kang dianggep luhur.
·      Himne yakuwe geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang Gusti Kang Mahakwasa.
·     Elegi yakuwe geguritan kang surasane panalangsa
·     Epigram yakuwe geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, lan nilai idup kang becik.
·       Satire yakuwe geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme).
·       Romansa yakuwe geguritan kang surasane babagan  katresnan.
·     Balada yakuwe geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa lamunane pujangga.

Monday, July 20, 2020

TEKS EKSPOSISI

Teks Eksposisi yakuwe sawijine wacan sing njlentrehake utawa medharake sawijine bab utawa informasi kanggo pamaose.

Titikane teks eksposisi:
  • arupa wacan informasi
  • ana gambar, grafik, lan tabel, sing gegayutan karo isi wacan
  • wasananing wacan ana penjelasan
wacan eksposisi biasane digunakake kanggo mbabar kawruh/ilmu, definisi, pangerten, cak-cakaning kagiatan, metode, lan cara. Eksposisi nduweni 6 wujud, yakuwe:
  • Eksposisi Definisi
Eksposisi definisi yakuwe jenis teks eksposisi kang isine njlentrehake definisi utawa pangerten sawijine bab utawa informasi. Tuladha:
  • Ekasposisi Klasifikasi
Eksposisi klasifikasi yakuwe jenis teks eksposisi kang isine nglumpukake sawijining objek utawa prastawa. Tuladha:
  • Eksposisi Ilustrasi
Eksposisi ilustrasi yakuwe jenis teks eksposisi kang isine njlentrehake sawijining bab kanthi cara nggamarake. Biasane eksposisi jenis kiye njlentrehake proses utawa metode sing digunakake ing sawijine kagiatan. Tuladha:
  • Eksposisi Proses
Eksposisi proses yakuwe jenis teks eksposisi kang isine njlentrehake proses, cara, utawa runtutane sawijine bab saka wiwitan nganti rampung. Tuladha:
  • Eksposisi Laporan
Eksposisi laporan yakuwe jenis teks eksposisi kang isine njlentrehake laporan saka sawijine prastawa, kagiatan, utawa paneliten. Tuladha:
  • Eksposisi Perbandingan
Eksposisi perbandingan yakuwe jenis teks eksposisi kang isine mbandingake sawijine bab utawa objek. Tuladha



TEKS NOVEL

Novel yakuwe karya sastra populer kang awujud gancaran (prosa) sing isine nyeritaake lelakon saksawijine sing nengenake watak , panguripan utawa panggonan. Novel uga bisa ditegesi cerita ing prosa kang dawa lan amba .

Unsur-unsur Novel
Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik yakuwe unsur sing mbangun crita saka njero. Unsur-unsur intrinsik crita rakyat yakuwe:
·         Tema
Yakuwe pokok pikiran utama, ide pokok permasalahan sing dinggo kanggo dasare pengarang
·         Alur
Yakuwe dalaning crita, reroncening prastawa sing mujudake crita kanthi dhasar hubungan sebab akibat. Alur wujude ana werna 3, yakuwe:
1.      Alur maju
Yakuwe prastawa sing diwujudake kanthi runtut saka prastawa pertama tinuju prastawa sebajute
2.      Alur mundur
Yakuwe alur sing nyritakake wektu sing kepungkur.
3.      Alur gabungan/ zik-zak
Yakuwe gabungan saka alur maju lan alur mundur.
·         Latar
Katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan prastawa. latar ana 3 werna, yakuwe:
1.      Latar papan/panggonan
Lokasi utawa bangunan fisik liya sing dadi panggonan kedadeyan prastawa ing crita.
2.      Latar wektu
Wektu (masa) tertamtu pas prastawa crita kuwe kedadeyan.
3.      Latar swasana
Salah siji unsur instrinsik sing gegayutan karo kahanan psikologis sing muncul bebarengan karo dalaning crita.
·         Tokoh dan Penokohan
Penokohan yakuwe gambaran watek pelaku; cara pengarang menggambaraken watak tokoh. Istilah tokoh nunjukaken wong/pelaku crita, menawa pekonokohan nunjukaken sikap kualitas pribadi tokoh.
·         Konflik
Yakuwe masalah utawa permasalahan sing ana neng sajrone crita.
·         Sudut Pandang
Yakuwe cara pengarang nggambarake tokoh crita. Biasane pengarang nggunakake sudut pandang wong kepisan lan wong ketelu. Sudut pandang wong kepisan yakuwe pengarang dadi tokoh utama neng njero crita kuwe, biasane nggunakake tembung sesulih wong kapisan 'aku'. Sudut pandang wong katelu yakuwe pengarang nggambarake tokoh liya, pengarang dudu tokoh utama crita.
·         Gaya Bahasa
Yakuwe bahasa sing digunakake pengarang kanggo nyritakake kahanan neng njero crita.
·         Amanat
Yakuwe pesen saka pengarang sing kepengin diomongake marang pamacane.

Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yakuwe unsur sing sing ana ing sajabane karya fiksi kang duwe pengaruh laire karya sastra, nanging ora klebu bagean fiksi . Unsur-unsur intrinsik crita rakyat yakuwe:

1.      Unsur Biografi

Unsur ekstrinsik novel kaping sepisan yakuwe unsur biografi utawa latar belakang panulis. Sing diarani unsur biografi yakuwe unsur babagan latar belakang panulis, ing antarane papan panggonan panulis, kluwargane, latar belakang pendidikan, lingkungan, lsp.

2.     Unsur Sosial

Kaping pindho yakuwe unsur sosial, unsur sosial utawa kahanan sosial budaya raket gandeng cenenge karo kahanan masyarakat wektu novel digawe. Artine kahanan sosial melu nemtokake isi lan crita novel. Kang kalebu unsur sosial antarane yakuwe: kahanan politik, kahanan sosial, kahanan ekonomi, ideologi negara sarta lingkungan masyarakat ing sakiwa tengene panulis.

 

3.     Unsur Nilai

Kang diarani unsur nilai yakuwe nilai-nilai sing kekandhut ing sajrone novel. Unsur iki nemtokake crita novel lan arah critane saka awal kanti akhir. Unsur nilai ing sajrone novel gegayutan karo nilai-nilai sing kekandhut ing novel kasebut, ing antarane arupa nilai agama, nilai sosial, nilai budaya, lan nilai moral.


Jenis-jenis Novel 
1.      Miturut jinise, novel iku ana 2 yaiku: 
·   Novel Serius, Novel serius yakuwe novel sing surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese, wong sing maca bisa dadi pribadhi sing luwih becik. Novel serius nduweni piguna sosial (bisa nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa kang luwih prasaja) 
·      Novel Hiburan, Novel hiburan yakuwe novel sing ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut. Novel hiburan nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin ngrampungake anggone maca.
2.      Miturut kedadeyane, novel kaperang dadi 2 yakuwe:
·        Novel Fiksi yakuwe jinis novel sing ora nyata utawa ora ana prastawane neng dunya.
·       Novel Non Fiksi yakuwe jinis novel saka kisah nyata lan bisa dibuktekna kanthi cara ilmiah.
3.      Miturut Genre Crita, novel ana 5 werna yakuwe:
·   Novel Romantis, yakuwe jinis novel sing nggambarake tresna asih lan asmara antarane manungsa.
·        Novel Horror, yakuwe jinis novel kang nyritakake crita kang nggegirisi.
·        Novel Misteri, yakuwe jinis novel sing nyritakake kisah misteri lan detektif
·      Novel Komedi, yakuwe jinis novel kang nyritakake babagan kang gegayutan karo komedi lan bab-bab kang lucu.
·         Novel Inspiratif, yakuwe jinis novel sing isine kisah inspiratif

Karakteristik Novel
Novel minangka karya sastra nduweni karakteristik utawa cirai –ciri, kang antarane:
·         Novel kadadeyan minimal 35.000 tembung utawa 100 kaca/halaman
·         Ana luwih saka siji tokoh sing dicritakna
·         Ana luwih saka siji efek lan emosi
·         Novel nduweni alur crita kang kompleks

·         Ana tema sampingan

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...