Sunday, July 19, 2020

TEMBANG MACAPAT

Tembang Jawa kuwe kaperang dadi telung jinis, yakuwe tembang gedhe, tengahan, lan cilik. Dene yen tembang macapat, kalebu jinis tembang cilik lan tembang tengahan. Miturut Poerbatjaraka ing bukune, macapat iku karan kanggone geguritan sing ana ing jaman basa Jawa Madya (tengahan). Tembang macapat yakuwe karya sastra jawa kang awujud geguritan kang nduweni paugeran tertamtu (guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan). Tembange cacahe ana 11 yakuwe Pocung, Maskumambang, Megatruh, Gam­buh, Mijil, Kinanthi, Asmaradana, Durma, Pangkur, Sinom lan Dhandhanggula.
Saben jinis nduweni sasmita lan wewatakan dhewe-dhewe. Tembang macapat nggambarake bab kamanungsan wiwit saka isih ana ing guwa garbane ibu, manungsa lair, urip ing alam ndonya, nganti tumeka titimangsane tilar.
Struktur lan jinis tembang Macapat:
Struktur:
Tembang macapat kaperan dadi pirang-pirang pupuh(bab), menawa pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada (bait).Pada iku asale saka reroncening pirang-pirang gatra (baris). menawa gatra nduweni bageyan-bageyan kang diarani wanda (suku kata).

Tembang macapat kaiket dening 3 paugeran, yakuwe:
guru gatra, yakuwe cacahing gatra saben sapada
guru wilangan, yakuwe cacahing wanda saben sagatra
guru lagu, tibaning swara ing pungkasaning gatra

Jinis:
1. Maskumambang.
Nggambarake urip manungsa wayah neng njero guwa garbane ibune. "Mas" tegese durung ngerti lanang apa wadon jenis kelamine, menawa "kumambang" tegese uripe kemambang ing njero rahime ibune. Maskumambang nduweni watek sedhih, susah, nelangsa, kelara-lara, lan ngeres-eresi, biasane digunakake kanggo mahyakaken/ngandharake rasa panalangsa lan cocok digunakake kanggo pasemon crita sedhih nelangsa. sasmitane tembang maskumambang   : kumambang, maskéntir. Tembang maskumambang nduweni paugeran: 12/i, 6a, 8i, 8a.



2. Mijil.

Menggambarkan wektu manungsa dilahirna (bayi). "Mijil" nduweni teges metu utawa lair. Tembang iki nduweni watek asih, prihatin, pangajab. Tembang mijil cocok kanggo mulang wong kang nembe prihatin. sasmitane tembang mijil yakuwe: wijil wiyos, rasasti. tembang mijil nduweni paugeran: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u.

3. Sinom.
Menggambarkan wektu esih bocah nganti remaja, ing wektu semana manungsa perlu sinau akeh. "Sinom" ing basa jawa yaiku anom tegese enom, pucuk godhong sing esih enom. Wateke tembang sinom yakuwe ethes, prasaja, grapyak, lan renyah. tembang sinom biasane digunakake kanggo piwulang, wewarah, lan crita masa remaja. Sasmitane tembang sinom yakuwe sinom, anom, teruna, srinata, ron kamal,   pangrawit, logondang. Tembang sinom nduweni paugeran: 8a, 81, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.

4. Kinanthi.
Nggambarake urip manungsa wektu remaja. Kinanthi asale saka tembung "kanthi" tegese dituntun (dilatih) babagan cara urip ing dunya.Wateke tembang kinanthi yakuwe seneng, tresna, asih, kasmaran, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih. Sasmitane tembang kinanthi yakuwe kanthi, gandheng, kanthil. Tembang Kinanthi nduweni paugeran: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

5. Asmaradana.
Nggambarna wektu manungsa ngrasakna tresna. Asmaradana asale saka tembung "tresna" kang tegese rasa tresna marang lawan jenis. Wateke yakuwe: asmara, brangta, kingkin, yungyun, tresna asih lan sdhih, mula pantes kanggo nelakake katresnan. Asmaradana nduweni sasmita asmaradana, asmara, lan nduweni paugeran : 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a.

6. Gambuh.
Nggambarna komitmen manungsa kang wis ngiket tali asmara lan siap mbangun bale wisma. Gambuh asale saka tembung "jumbuh" utawa "sarujuk" sing tegese menawa wis  cocok dilanjutna kanthi bebojoan. Gambuh nduweni watek kulina, sumanak, sumedulur, mula cocok digunakake kanggo mitutur utawa mulang. Sasmitane tembang gambuh yakuwe gambuh, buh, jumbuh, tambuh. tembang gambuh nduweni paugeran: 7u, 10,u, 12i, 8u, 8a.

7. Dhandhanggula.
Nggambarna uripe manungsa sing lagi bahagia, apa sing dicita-citakna tkawujud. Dhandhanggula. Dhandhanggula asale saka tembung "dhandhang" tegese manuk gagak, omongan lan "gula" tegese becik utawa manis. Dhandhanggula sering diartikna omongan sing becik. Dhandhanggula nduweni watek luwes, kewes, gumbira, endah, lan nduduti ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae, ing ngendi bae,lan kahanan apa bae. Tembang dhandhanggula nduweni sasmita sarkara, manis, madu, hartati,  dhandhang, gula jawa, lan nduweni paugeran 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.

8. Durma.
Nggambarake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kwasa. Durma asale saka tembung darma / wèwèh, wong kang wis ngrasa cukup uripe bakal metu  rasa welas asih marang sesama, saengga bakal tuwuh rasa perweweh. Durma nduweni watek nesu, muntab, keras, nepsu, semangat. Sasmitane tembang durma yakuwe durma,undur,sirna, galak. Tembang durma nduweni paugeran: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.

9. Pangkur.
Nggambarna usia tuwa, wektu manungsa kang wis kudu nyingkirna hawa nafsu angkara murka."Pangkur" asale saka tembung mungkur kang tegese nyingkirna (menahan) hawa nafsu. Wateke tembang pangkur yakuwe: sereng, nepsu, gandrung. Tembang pangkur cocok kanggo mituturi babagan kanthi rada sereng lan gandrung. Tembang kiye nduweni sasmita: pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur, lan nduweni paugeran: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.

10. Megatruh.
Nggambarna ucule nyawa utawa matine manungsa. Megatruh asale saka tembung "megat" lan "ruh" tegese seda/mati. Wateke tembang megatruh yakuwe priyatin, getun, keduwung, nelangsa, mula cocok kanggo nyritakake babagan kang sedih, getun. Megatruh nduweni sasmita: dudukwuluh,truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh. Tembang kiye nduweni paugeran: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o.

11. Pocung.
Tegese yen manungsa wis mati, bakal ditinggalna dening banda dunya, sing digawa namung kain kafan sing mbungkus ragane ing njero kubur.





No comments:

Post a Comment

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...