Tuesday, January 22, 2019

TEKS DESKRIPSI


TEKS DESKRIPSI

v  Pangerten
Teks deskripsi yakuwe teks kang nggambarake sawijining objek kanthi cetha saengga pamaos bisa ngrasakake objek kang digambarake.

v  Ciri-ciri teks deskripsi

a.  Nggambarake sawijining objek
b.  Pamaca kaya-kaya bisa ngrasakake objek kang digambarake
c.  Objek kang digambarake kaya-kaya bisa dirasakake panca indra

v  Jenis-jenis teks deskripsi
a.    Teks Deskripsi Objektif
Teks deskripsi objektif yakuwe teks kang nggambarake objek manut kanyataane

Tuladha:
Pak raden kuwe salah siji guru neng sekolahku. Rambut pak raden warnane ireng lan cendhek. Warna rambut kuwe pancen kontras karo warna kulite sing putih. Pak raden duwe mripat sing gedhe lan warnane biru. Dheweke uga nduwe alis sing kandel. Dheweke duwe pawakan sing gedhe dhuwur. Dhuwure watara 170 cm lan bobote 60 kg. Pawakane sing proposional kuwe marai pak raden nduweni cita-cita dadi tentara, nanging nasibe malah nggawa pak raden dadi guru.

b.    Teks Deskripsi Subjektif
Teks deskripsi subjektif yaiku teks kang nggambarake objek kanthi manut khayalane panulis

Tuladha:
Pak Raden salah siji guru sing tegas ing sekolahku. Dheweke nduweni pawakan dhuwure watara 170 cm lan bobote 60 kg saengga katon kaya beruang sing gedhe. Pak raden nduweni rambut warna ireng lan kulit kang warnane putih. Sanajan dheweke katon sereng lan tegas, nanging pak Raden kuwe guru sing eman lan ramah.

c.    Teks Deskripsi Spatial
Teks kang nggambarake objek awujud ruang lan papan panggonan

Tuladha:
Ruwang kang ukurane 9m x 8m iki pancen nyaman dinggoni. Ana sofa empuk warna putih karo meja kayu kang ana ing tengah ruwangan. Ing sisih liya, ana rak buku kang isine pirang-pirang novel lan buku-buku ilmiah mepet ana ing tembok wetan jejeran karo pot kang isine wit palem cilik kang kaya-kaya wis nyawiji karo tembok kang dicet warna ijo enom. Ing njaba ruwangan, ana kolam cilik ukurane 2,5m x 2m kang isine iwak koi katon pating sliwer. Swara gemricik banyu saka kolam nambah sejuk swasana ing ruwang tamune pak Toni iki.


GUGON TUHON


BUDAYA WEWALER/GUGON TUHON

Gugon tuhon utawa ing satengahing masyarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kuwe klebu kadadeyan kang wis ana saka jaman kuna. Gugon tuhon kuwe kapercayaan utawa kadadeyan marang sawetara bab utawa prakara sing ora tinemu ing nalar.
Ing jaman siki, akeh generasi mudha sing wis ora kenal marang gugon tuhon. Kamangka nyinau wewaler utawa gugon tuhon kuwe klebu salah siji cara kanggo nglestarekake kabudayan kang adiluhung neng tanah Jawa. Neng sajroning wewaler kuwe ngemot piwulang utawa pitutur luhur sing migunani tumrap uriping manungsa, supaya tansah nduweni rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prakara sing dianggep mbebayani.
Gugon tuhon asale saka tembung gugu sing nduweni teges digugu. Menawa tuhon saka tembung tuhu kang tegese percaya. Tembung gugon tuhon nduweni teges:
1.   Wewatekan kang gampang nggugu lan mituhu (percaya)marang guneman utawa dongeng kang pancen ora perlu digugu
2.   Gunem utawa dedongengan kang dening wong-wong sing percaya dianggep nduweni daya (pengaruh/kekuatan), menawa ora digugu lan ora ditindakake wong mau bakal nandhang ora kepenak uripe/cilaka.
Miturut Subalidinata (1968:16) jenising gugon tuhon kuwe ana telung werna, yaiku:
a.   Gugon Tuhon Salugu
Gugon tuhon salugu kuwe mirp kaya dene crita utawa dongeng kuno.
Tuladha:
bocah kang kalebu bocah sukerta ‘ora apik/kotor’ lan wong kalebu golongan panganjam-nganjam ‘kaancam’ iku bakal dadi mangsa utawa pakane Bethara Kala. Supaya bocah-bocah lan wong-wong adoh utawa ora dadi mangsa Bethara Kala kudu diruwat “disuciake” lan uga kanggo sarana dipentasake wayang kulit kanthi lakon “Amurwakala”.Kang kalebu bocah sukerta yakuwe:
- Anggana                            : anak akeh sing urip mung 1
- Cukil Dulit                        : abak 3 lanang kabeh
- Dhampit                            : bocah laire bareng lanang lan wadon
- Gotong Mayit                    : anak 3 wadon kabeh
- Ipil-Ipil                              : anak 5 lanang 1
- Julung Caplok                   : bocah lair wayah surup (srengenge anslup)
- Julung Kembang               : bocah lair wayah plethek srengenge
- Julung Sungsang               : bocah lair wayah bedhug (tengah awan)
    Lsp.

b.  Gugon Tuhon Wasita Sinandi
Gugon tuhon wasita sinandi ‘gugon tuhon sing isine pitutur kang didhelikake/apik’, sakjane gugon tuhon kuwe ngemot kawruh. Ananging, ajaran kuwe ora genah, namung disamarake. Umume wong menawa wis dionekake ora apik utawa ora ilok, banjur wedi nglanggar. Sakjane larangan kuwe nduweni ancas kanggo kawruh, supaya ora nindakake arupa tumindak sing nglanggar sing kasebut neng sajroning larangan kuwe. Larangan kuwe isine nasehat.
Tuladhane:
-    lire wong mangan ora karo ndhodhok, nek dinulu saru, maksude wong sing lagi mangan karo ndhodhok kuwe ora sopan lan bisa dadi panganan kang digawa bakal tiba.
-       Aja ngidoni sumur mundhak suwing tutuke
-       Menawa wewehan dijaluk maning gulune dadi gondhoken
-       Ora kena lungguh neng bantal mundhak wudunen
-       Ora kena maem ana paturon mundhak gudhigen, lsp

c.   Gugon Tuhon Pepali utawa Wewaler
Gugon tuhon sing kalebu pepali utawa wewaler yakuwe gugon tuhon sing isine pitutur larangan, sakjane gugon tuhon kuwe ngemot kawruh. Kawruh kuwe jelas kanthi anane sangsi menawa dilanggar.
Tuladhane:
-     Wong-wong kang manggon ing desa Klepu (kulon Jogja) ora kena nanggap wayang kulit, amarga jaman mbiyen saben wong ing kono nanggap wayang kulit mesthi bubare wong kuwi mati. Uga prenah kadadeyan, omah kang dienggo kanggo pagelara wayang kulit dibalangi watu, nanging ora ana sing ngerti sapa kang mbalangi. Saengga kanthi sakmene wong-wong kang ana ing desa Klepu ngrasa wedi nganakake tontonan wayang kulit.
-     Wong Banyumas ora olih lelungan ing dina setu paing. Miturut critane: Sang adipati ing Banyumas nemu cilaka lelungan ing dina setu paing, Sang Adipati banjur menehi pitutur marang putra wayah lan para abdine.
-     Aja lelungan ing dina Setu Pahing, kuwi dina gebleg (sedane) simbah mundhak apes (nemu cilaka)
-   Miturut kepercayaan wong Jawa Timur, wong bagelan ora kena nganggo jarit gadhung mlathi amarga miturut wong kono bisa marakke cilaka.



WAYANG


CERITA WAYANG
Wayang asale sekang tembung Ma- Hyang sing tegese tumuju marang dewa utawa Gusti Kang Maha Tunggal. Ana uga sing ngarani wayang kuwe tegese bayangan/wewayangan, bab kiye kanthi lelandhesan menawa wayang kuwe gegambaran uriping manungsa.
Crita wayang sing terkenal ing tanah Jawa mligine asumber sekang crita Mahabarata lan Ramayana, nanging bebarengan karo mlebune agama Islam uga ana crita Menak, crita Panji, syair kepahlawanan, lan kreasi-kreasi anyar sing didadekaken crita ing pewayangan.
Mligine wayang wis diakui neng UNESCO minangka kabudayan kang nengsemake lan duweke asli Indonesia kawiwitan tanggal 7 November 2003.
Wayang kawengku dening dhalang. Ing babagan terminologi basa Jawa, dhalang asale sekang tembung ngudhal piwulang. Ngudhal tegese nyebarake/ ngandharaken, lan piwulang tegese ajaran/pitutur.
Wayang wujude ana pirang-pirang, ing antarane yakuwe:
1.       Wayang beber
Wayang beber yakuwe salah siji wayang tertua neng Indonesia. Sajrone pertunjukan narasi, lembaran gambar dawa dijelasna dening Dhalang. Wayang beber tertua bisa ditemuka neng daerah Pacitan, Donorojo, Jawa Timur. Seliyane crita Mahabarata lan Ramayana, wayang beber uga nggunakaken kisah lan crita rakyat, kayadene seperti kisah asmara Panji Asmoro Bangun dan.
            wayang beber

2.       Wayang kulit/ wayang purwa
Neng tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur sing paling populer yakuwe jenis wayang kulit/wayang purwa. Wayang kiye awujud tipis lan digawe saka kulit. Neng Jawa lan Bali, pertunjukan wayang sering nggabungaken crita-crita Hindu karo Budha lan Islam. Seliyane crita-crita religius, uga ana crita rakyat lan mitos.
            wayang kulit

3.       Wayang Klitik (atau Karucil)
Wujude kaya dene wayang kulit, nanging digawe saka kayu. Para dhalang biasane nganggu bayangan ing pertunjukan. Tembung klithik asale sekang swara kayu wektu kayu-kayu mau digerakna. Kisah-kisah sing dinggo biasane babagan kerajaan Jawa Timur, kayadene kerajaan Jenggala, Kediri, lan Majapahit. Crita sing paling populer yakuwe Damarwulan.
                wayang klitik

4.       Wayang golek
Wayang jenis iki wujude wayang telu dimensi sing digawe sekang kayu. Jenis wayang kiye paling populer neng tlatah Jawa Barat. Ana 2 macem wayang golek, yakuwe wayang golek papak cepak lan wayang golek purwa. Crita sing sering dinggo yakuwe kisah Pangeran Panji, Darmawulan, dan Amir Hamzah, pamannya Nabi Muhammad a.s.












        wayang golek

5.       Wayang wong
Jenis wayang kiye awujud drama tari sing nggunakaken manungsa kanggo nindakaken tokoh-tokoh sing adedasar kisah-kisah wayang tradisional. Cerita sing sering dinggo yakuwe  Smaradahana. Kawiwitan, wayang wong dipertunjukkan kanggo hiburan para bangsawan, nanging siki nyebar dadi wujud kesenian populer.












        wayang wong

Wayang kuwe seni pagelaran sing awujudun drama, mulane wayang kuwe nduweni unsur-usur kayadene drama. Sing kalebu unsur-unsur wayang, yakuwe: tema, latar, alur, punjering crita/sudut pandang, penokohan, konflik, lan amanat.
Ing sajrone crita wayang uga ora mung sekedar drama, nanging wayang duweni nilai-nilai luhur sing bisa diconto neng masyarakat, yakuwe antarane: tanggap ing sasmita/ empati, jujur, mad sinamad/ saling menghargai, tanggung jawab, keadilan, lan nasionalisme/ngabdi marang negara.

Jeneng Ratu lan Negarane
1.       Prabu Baladewa ratu ing Mandura
2.       Prabu Kresna ratu ing Dwarawati
3.       Prabu Ramawijaya ratu ing Pancawati
4.  Prabu Suyudana/Duryudana ratu ing     Ngastina
5.       Prabu Drupada ratu ing Campala
6.       Prabu Dasarata ratu ing Ngayodya
7.       Prabu Karna ratu ing Ngawangga
8.       Prabu Salya ratu ing Mandraka
9.       Prabu Maswapati ratu ing Wiratha
10.    Prabu Sugriwa ratu ing Guwakiskendha
11.    Prabu Puntadewa ratu ing Ngamarta
12. Prabu Pandu Dewanata ratu ing       Ngastina
13.    Prabu Niwatakawaca ratu ing Imantaka
14. Prabu Bomanarakasura ratu ing       Trajutrisna

Jeneng Satriya lan Kasatriyane
1.       Raden Werkudara satriya ing Jodhipati
2.       Raden Janaka satriya ing Madukara
3.       Raden Nakula satriya ing Gumbiratalun/ Bumi Retawu
4.      Raden Sadewa satriya ing Sawojajar
5. Raden Gathotkaca satriya ing        Pringgondani
6.    Raden Antareja satriya ing Jangkar Bumi
7.    Raden Antasena satriya ing Sapta Pertala
8.    Raden Abimayu satriya ing Plangkawati
9.    Raden Irawan satriya ing Yasarata
10.    Raden Setyaki satriya ing Lesanpura
11.    Raden Setyaka satriya ing Tambak Mas
12. Raden Samba satriya ing Parang       Garudha
13. Raden Udawa satriya ing             Widarakandang
14.    Raden Thistajumpena satriya ing                Campalareja
15.    Raden Jayajatra satriya ing Brawa              Keling
16.    Raden Kartamarma satriya ing                    Ngadilangu
17.    Raden Lesmana satriya ing Saroja Binangun
18.    Raden Aswatama satriya ing Sokalima
19.    Raden Dursasana satriya ing Bajar Jumput
20.    Raden Sengkuni satriya ing Plasajenar
21.    Raden Anoman satriya ing Kendhali Sada
22.    Raden Kumbakarna satriya ing Panglebur Gangsa

Sunday, January 6, 2019

SERAT TRIPAMA

SERAT TRIPAMA
Serat Tripama saka 3 tembang yakuwe :
Tri tegese telu
Pa tegese patuladhan
Ma tegese utama

Serat Tripama kuwe dianggit dening KGPAA Sri Mangkunegara IV taun (1809 - 1881 M) neng Surakarta. Serat Tripama kuwe ditulis awujud Tembang Dhandanggula sing nduweni 7 pada, sing nggambarake katuladanan Patih Suwanda (Bambang Sumantri) sing nduweni 3 katuladhan yakuwe guna, kaya lan purun, Kumbakarna kang nduweni sipat cinta tanah air lan Suryaputra (Adipati Karna) kang nduweni sipat setia lan nepati janji.

Serat tripama awujud tembang Dhandhanggula sing katulis dadi 7 pada. Dhandanggula iku saking 2 tembang yaiku:
Dhandang tegese crewet utawa seneng omong ing ngendi papan
Gula tegese samubarang kang legi

Dhandanggula ngemu surasa kang becik, mula dhandanggula pantese kangge aweh pitutur kang becik. Watake luwes, seneng, lan gumbira.
Pathokan tembung Dhandanggula
a.    Guru gatra                  : 10
b.    Guru Wilangan            : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
c.    Guru Lagu                   : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a


SERAT TRIPAMA
Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV
Dhandhanggula.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.
5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.
7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...