Tuesday, January 22, 2019

GUGON TUHON


BUDAYA WEWALER/GUGON TUHON

Gugon tuhon utawa ing satengahing masyarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kuwe klebu kadadeyan kang wis ana saka jaman kuna. Gugon tuhon kuwe kapercayaan utawa kadadeyan marang sawetara bab utawa prakara sing ora tinemu ing nalar.
Ing jaman siki, akeh generasi mudha sing wis ora kenal marang gugon tuhon. Kamangka nyinau wewaler utawa gugon tuhon kuwe klebu salah siji cara kanggo nglestarekake kabudayan kang adiluhung neng tanah Jawa. Neng sajroning wewaler kuwe ngemot piwulang utawa pitutur luhur sing migunani tumrap uriping manungsa, supaya tansah nduweni rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prakara sing dianggep mbebayani.
Gugon tuhon asale saka tembung gugu sing nduweni teges digugu. Menawa tuhon saka tembung tuhu kang tegese percaya. Tembung gugon tuhon nduweni teges:
1.   Wewatekan kang gampang nggugu lan mituhu (percaya)marang guneman utawa dongeng kang pancen ora perlu digugu
2.   Gunem utawa dedongengan kang dening wong-wong sing percaya dianggep nduweni daya (pengaruh/kekuatan), menawa ora digugu lan ora ditindakake wong mau bakal nandhang ora kepenak uripe/cilaka.
Miturut Subalidinata (1968:16) jenising gugon tuhon kuwe ana telung werna, yaiku:
a.   Gugon Tuhon Salugu
Gugon tuhon salugu kuwe mirp kaya dene crita utawa dongeng kuno.
Tuladha:
bocah kang kalebu bocah sukerta ‘ora apik/kotor’ lan wong kalebu golongan panganjam-nganjam ‘kaancam’ iku bakal dadi mangsa utawa pakane Bethara Kala. Supaya bocah-bocah lan wong-wong adoh utawa ora dadi mangsa Bethara Kala kudu diruwat “disuciake” lan uga kanggo sarana dipentasake wayang kulit kanthi lakon “Amurwakala”.Kang kalebu bocah sukerta yakuwe:
- Anggana                            : anak akeh sing urip mung 1
- Cukil Dulit                        : abak 3 lanang kabeh
- Dhampit                            : bocah laire bareng lanang lan wadon
- Gotong Mayit                    : anak 3 wadon kabeh
- Ipil-Ipil                              : anak 5 lanang 1
- Julung Caplok                   : bocah lair wayah surup (srengenge anslup)
- Julung Kembang               : bocah lair wayah plethek srengenge
- Julung Sungsang               : bocah lair wayah bedhug (tengah awan)
    Lsp.

b.  Gugon Tuhon Wasita Sinandi
Gugon tuhon wasita sinandi ‘gugon tuhon sing isine pitutur kang didhelikake/apik’, sakjane gugon tuhon kuwe ngemot kawruh. Ananging, ajaran kuwe ora genah, namung disamarake. Umume wong menawa wis dionekake ora apik utawa ora ilok, banjur wedi nglanggar. Sakjane larangan kuwe nduweni ancas kanggo kawruh, supaya ora nindakake arupa tumindak sing nglanggar sing kasebut neng sajroning larangan kuwe. Larangan kuwe isine nasehat.
Tuladhane:
-    lire wong mangan ora karo ndhodhok, nek dinulu saru, maksude wong sing lagi mangan karo ndhodhok kuwe ora sopan lan bisa dadi panganan kang digawa bakal tiba.
-       Aja ngidoni sumur mundhak suwing tutuke
-       Menawa wewehan dijaluk maning gulune dadi gondhoken
-       Ora kena lungguh neng bantal mundhak wudunen
-       Ora kena maem ana paturon mundhak gudhigen, lsp

c.   Gugon Tuhon Pepali utawa Wewaler
Gugon tuhon sing kalebu pepali utawa wewaler yakuwe gugon tuhon sing isine pitutur larangan, sakjane gugon tuhon kuwe ngemot kawruh. Kawruh kuwe jelas kanthi anane sangsi menawa dilanggar.
Tuladhane:
-     Wong-wong kang manggon ing desa Klepu (kulon Jogja) ora kena nanggap wayang kulit, amarga jaman mbiyen saben wong ing kono nanggap wayang kulit mesthi bubare wong kuwi mati. Uga prenah kadadeyan, omah kang dienggo kanggo pagelara wayang kulit dibalangi watu, nanging ora ana sing ngerti sapa kang mbalangi. Saengga kanthi sakmene wong-wong kang ana ing desa Klepu ngrasa wedi nganakake tontonan wayang kulit.
-     Wong Banyumas ora olih lelungan ing dina setu paing. Miturut critane: Sang adipati ing Banyumas nemu cilaka lelungan ing dina setu paing, Sang Adipati banjur menehi pitutur marang putra wayah lan para abdine.
-     Aja lelungan ing dina Setu Pahing, kuwi dina gebleg (sedane) simbah mundhak apes (nemu cilaka)
-   Miturut kepercayaan wong Jawa Timur, wong bagelan ora kena nganggo jarit gadhung mlathi amarga miturut wong kono bisa marakke cilaka.



1 comment:

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...