Tuesday, January 22, 2019

TEKS DESKRIPSI


TEKS DESKRIPSI

v  Pangerten
Teks deskripsi yakuwe teks kang nggambarake sawijining objek kanthi cetha saengga pamaos bisa ngrasakake objek kang digambarake.

v  Ciri-ciri teks deskripsi

a.  Nggambarake sawijining objek
b.  Pamaca kaya-kaya bisa ngrasakake objek kang digambarake
c.  Objek kang digambarake kaya-kaya bisa dirasakake panca indra

v  Jenis-jenis teks deskripsi
a.    Teks Deskripsi Objektif
Teks deskripsi objektif yakuwe teks kang nggambarake objek manut kanyataane

Tuladha:
Pak raden kuwe salah siji guru neng sekolahku. Rambut pak raden warnane ireng lan cendhek. Warna rambut kuwe pancen kontras karo warna kulite sing putih. Pak raden duwe mripat sing gedhe lan warnane biru. Dheweke uga nduwe alis sing kandel. Dheweke duwe pawakan sing gedhe dhuwur. Dhuwure watara 170 cm lan bobote 60 kg. Pawakane sing proposional kuwe marai pak raden nduweni cita-cita dadi tentara, nanging nasibe malah nggawa pak raden dadi guru.

b.    Teks Deskripsi Subjektif
Teks deskripsi subjektif yaiku teks kang nggambarake objek kanthi manut khayalane panulis

Tuladha:
Pak Raden salah siji guru sing tegas ing sekolahku. Dheweke nduweni pawakan dhuwure watara 170 cm lan bobote 60 kg saengga katon kaya beruang sing gedhe. Pak raden nduweni rambut warna ireng lan kulit kang warnane putih. Sanajan dheweke katon sereng lan tegas, nanging pak Raden kuwe guru sing eman lan ramah.

c.    Teks Deskripsi Spatial
Teks kang nggambarake objek awujud ruang lan papan panggonan

Tuladha:
Ruwang kang ukurane 9m x 8m iki pancen nyaman dinggoni. Ana sofa empuk warna putih karo meja kayu kang ana ing tengah ruwangan. Ing sisih liya, ana rak buku kang isine pirang-pirang novel lan buku-buku ilmiah mepet ana ing tembok wetan jejeran karo pot kang isine wit palem cilik kang kaya-kaya wis nyawiji karo tembok kang dicet warna ijo enom. Ing njaba ruwangan, ana kolam cilik ukurane 2,5m x 2m kang isine iwak koi katon pating sliwer. Swara gemricik banyu saka kolam nambah sejuk swasana ing ruwang tamune pak Toni iki.


No comments:

Post a Comment

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...