Jenis Pamor Keris Nusantara
Pamor keris yaiku sawijining
motif kang ana ing keris. Pamor ana amarga kreativitas empu utawa ana amarga
ora disengaja (tiban). Akeh para empu lan kolektor keris pamor ing keris
nduweni tuah khasiat kang beda-beda. Ana kang nduweni manfaat lan ana kang
ngandhut kutukan (tuah). Ing nusantara ana kurang lewih 150 jenis pamor keris
kang cinathet, antarane ing ngisor iki:
Jung Isi Dunya yaiku salah
sawijining pamor kang kalebu pamor mlumah. Pamor iki bisa mapan ing ngendi wae.
Bisa ana ing sor-soran (ngisor), tengah, utawa pucuk. Wujud gambare arupa
pirang-pirang bunderan cilik lan lapis-lapis, dikelilingi bunderan gedhe
Kadang-kadang pamor Jung lsi
Dunya kaselip ing antara pamor Wos Wutah utawa Ngulit Semangka, nanging kadhang
kala pamor iki ngadeg dhewe. Tuah pamor iki yaiku kanggo ngrewangi nggolek
kasugihan lan rejeki. JUNG ISI DUNYA utawa JUNJUNG DARAJAD salah sawijining motif pamor kang
mbiyen namung kawentar ing Madura lan Jawa Timur. Wujud pamor iki sajatine arupa
gabungan saka rong werna pamor. Ing bonggol keris, yaiku ing sor-soran ana
pamor Ujung Gunung, nanging namung sepucuk.
Yaiku salah sawijining pamaor
kang wujude arupa garis silang kaya huruf X, kang ing tengahe ana bunderan kang
mirip pusaran pamor Sumur Bandung. Pucuking garis silang sisih ndhuwur tekan
wates wilahan. Pamor kang nduweni aran Rajah iki tansah manggon ing bageyan
sor-soran keris utawa tombak. Kalacaraka knggo kang percaya, nduweni manfaat
kanggo penangkal gunaguna. Pamor iki kagolong pamor rekan, kang ora saben wong
bakal ngrasa cocok menawa nduweni
Dwiwarna ing dunya
perkerisan ing Pulau Jawa yaiku istilah kanggo nunjuk keris kang ing sisih
wilahe nduweni rong macem motif pamor kang sejen, antarane, ing bonggol keris
ana pamor Wos Wutah, menawa ing pucuke pamor Adeg. Kalorone diwatesi wesi keris
tanpa pamor watara 5 mm tekan 25 mm. Nanging, yen kalorone nyambung, wates
pamor iku kudu kontras
Dadung Muntir
Dadung Muntir kadang-kadang diarani
Dadung Kepuntir utawa Dadung Keplintir yaiku salah sawijining motif pamor kang
wujud gambare meh mirip pamor Sada Saler utawa Adeg Siji. Bedane, garis pamor
kang ana ing sadawane wilahan ora awujud garis biasa, nanging awujud lukisan
pamor kang mirip gambar rerocening tambang/ tambang kang diplintir. Kanggo kang
percaya, pamor Dadung Muntir iki bisa nambahi kawibawan, tekad, lan kateguhan
ati wong kang nduweni.
PAMOR CEBLOKAN utawa pamor
titipan, yaiku sawijining pamor kang nyelip ing antara pamor liya. Istilah pamor
ceblokan akeh dinggo ing Surakarta lan sekitare, menawa istilah pamor titipan
umume dinggo ing daerah yogyakarta
Buntel Mayit
Buntel Mayit utawa Mbuntel Mayit yaiku
sawijining wujud motif pamor kang mirip ubedan kain kang mbungkus kabeh awak
wilahan keris, tombak, mata panah utawa pedang. Pamor iki kagolong pamor rekan,
yaiku kang gambarane dirancang dening sang empu. Pamor Buntel Mayit yaiku pamor
puntiran, yaiku perpaduan saka pamor mlumah lan pamor miring, amarga saton
keris iku diplintir dhisik sadurunge dibentuk kodokan keris. Akeh kang nduweni
anggepan, menawa pamor Buntel Mayit nduweni tuah kang kurang apik, sering
nggawa sial kanggo kang nduweni. Nanging sebageyan wong nganggep menawa pamor
iki mujudake wong kang nduweni yaiku wong kang kuwat, nggampangake rejeki. Akeh
wong kang nganggep jenis pamor iki kagolong pamilih, amarga ora sembarang wong
bakal cocok menawa nduweni.
No comments:
Post a Comment