Monday, November 11, 2019

GAMELAN JAWA


Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras slendro lan laras pelog.
1.      Laras slendro
Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang.
2.      Laras pelog
Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pahtet nem, pathet lima, lan pathet barang.
Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan, panerusan, lan kendhang. Masing-masing 4 kelompok iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis.
1.      Gongan
·         Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong menika kalebu gongan. 
·         Fungsi: kanggo nutup lagu











2.      Balungan
·    Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. 
·    Sing kalebu balungan yaiku saron panerus, saron barung, demung lan slenthem.
·   Jenising saron: Sing paling cilik ukurane dijenengi peking, sing tengah-tengah saron barung, sing paling gedhe demung.
·   Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda.
·   Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok saron.

 
 


















3.      Panerusan
·      Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter lan rebab. 
·      Bonang barung yaiku sawijinie bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duweni bentuk penu mula diarani bentuk pencon. Laras slendro wilahe ana 12 cacahe, menawa laras pelog wilahe ana 14 cacahe. Bonang barung manggone ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangake ing tali kang diarani pulur. Bonang barung ditabuh nganggo kayu cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan ndhuwur diblebet nganggo kain lan pulur.
·      Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola tabuhane, yaiku pola tabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane.
·    Bonang barung kuwi gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung uga bisa kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumen liyane. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen penting bonang gawe sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat lagu.

      
     

4.      Kendhang
·      Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh.
·      Ing musik modhern, piranti iki digolongake piranti perkusi.
·      Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y.
·      Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahke musik.
·      Kendhang nduweni jenis lan ukuran kang warna-warna. Ukurane kendhang antarane 20 – 45 cm.
·      Kendhang bentuke kaya drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. 








Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane:
1.      katata saka pirang-pirang rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara,
2.      aturan sampak utawa cepet-rendhete laku sing wis pakem,
3.      batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben ketata 4 gatra. 
Pandangan urip wong Jawa kang digambarake ing sajrone musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajrone omongan lan tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendhang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama. Gamelan Jawa biasane dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhen kang nembangake lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.
         


No comments:

Post a Comment

PARIBASAN, SANEPA, ISBAT

1.         PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan : a.     Anak c...